ASAL USUL NAMA DESA KEJOBONG PURBALINGGA, B.Jawa

Kinten-kinten sami wonten pertengahan abad ke 19 wonten perguruan utawi padepokan “Kalimeong” ingkang terkenal sanget. Padepokan menika dipun pimpin dening mbah guru ingkang naminipun Bangsa Tirta. Beliau dipunkenal siswa ingkang sakti sanget lan nggadahi keahlian benten, inggih menika wonten bidang pengobatan. Saking hebatipun milo kathah tiyang ingkang berguru datheng beliau. Salah satunggaling dinten wonten tiyang ingkang rawuh saking Jawa Barat badhe nyuwun obat amargi tangganipun gerah parah. Sesampunipun nyampekake maksudipun, banjur dipun paringi obat arupi toya ingkang sampun dipun paringi mantra-mantra lan dipun lebetaken marang bumbung.
ASAL USUL NAMA DESA KEJOBONG PURBALINGGA, B.Jawa

Kinten-kinten sami wonten pertengahan abad ke 19 wonten perguruan utawi padepokan “Kalimeong” ingkang terkenal sanget. Padepokan menika dipun pimpin dening mbah guru ingkang naminipun Bangsa Tirta.

Beliau dipunkenal siswa ingkang sakti sanget lan nggadahi keahlian benten, inggih menika wonten bidang pengobatan. Saking hebatipun milo kathah tiyang ingkang berguru datheng beliau.

Salah satunggaling dinten wonten tiyang ingkang rawuh saking Jawa Barat badhe nyuwun obat amargi tangganipun gerah parah. Sesampunipun nyampekake maksudipun, banjur dipun paringi obat arupi toya ingkang sampun dipun paringi mantra-mantra lan dipun lebetaken marang bumbung.

Bangsa tirta ngendika “Panjenengan kedah cepet-cepet wangsul lan mboten angsal ngaso teng perjalanan. Menawi mengkin panjenengan nglanggar weweling menika, kula mboten tanggung jawab”. Hal kados menika sampun biasa dipun lampahi dening tiyang-tiyang ingkang nyuwun obat.

Wonten perjalanan ingkang cekap tebih, tiyang menika mgraos kesel. Terpaksanipun tiyang menika ngaso kangge ngurangi keselipun, tiyang menika banjur lenggah wonten ngandap wit pule. Dangu-dangu tiyang menika kesupen sare tanpa alas, tiyang menika banjur kaget sanget sesampunipun tiyang menika wungu. 


ASAL USUL NAMA DESA KEJOBONG PURBALINGGA, B.Jawa

Bumbung ingkang isi toya wau sampun mboten wonten lan ingkang wonten semenika dapuran bumbung ingkang lemu. Tiyang menika bingung lan ngraos wedi menawi mengkin dumugi ing Jawa Barat dipundukani.

Siswa-siswi ing padepokan Kalimeong kathah jumlahipun, nanging wonten sekawan siswa ingkang nonjol sanget, inggih menika Suro Gendeng, Suro Begog, Suro Merta, lan Suryo Lelono. 

Suro Gendeng inggih menika siswa ingkang sampun sepuh, Suro Gendeng nggadahi watek keras lan kejem, lan nggadahi aji Jebug Keli, maksudipun piyambakipun mboten saged kelelep menawi dipunlebetaken selebeting lepen ingkang jero. 

Suro Begog nggadahi ajian Gajah Wulung, maksudipun Suro Begog menika kebal marang tusukan bendha tajem. Suro Merta nggadahi aji Kenteng Waja, maksudipun Suro Merta menika kebal uga marang bendha tejem. 

Nanging aji-ajinipun ingkang dipun gadhahi menika malah dipun salah gunakake. Siswa kaping sekawan menika Suryo Lelono, tiyang menika cekap nangkep ilmu-ilmu ingkang dipun paringi gurunipun.

Salah Satunggaling dinten, wonten pertemuan kangge mbahas kagiyatan ingkang badhe dipunlaksanakaken. Wonten pertemuan menika Suryo Lelono dipunparingi tugas supados mundhut guci emas wonten ing Bukit Lembah Benten.

Wonten ing tengah-tengah perjalanan tigo sedherek menika iri marang Suryo Lelono amargi mriksani keberhasilanipun Suryo Lelono. Ketigo sadherek menika banjur nggadahi niat awon marang Suryo Lelono. Piyambakipun kepengin nyuwun kalih paksa guci emas ingkang dibekta Suryo Lelono. 

Suryo Lelono tetep usaha kanggo nahan guci emas menika. Lajeng wonten kedadosan perkelahian antawis Suryo Lelono kalian Ketelu sadherek menika.

Ingkang pungkasanipun Suryo Lelono kalah dipun kroyok dening ketigo sedherekipun. Teras gucinipun dipunpundhut ketigo sadhrekipun Suryo Lelono lan lajeng ketigo sadherek menika kabur nilar padepokan.

Sesampunipun Suryo Lelono siuman, Suryo Lelono kedathengan Ny.Sandekala ingkang badhe nulungi. Suryo Lelono nyariosaken kedadosan wau saking awal ngantos akhir. Ny.Sandekala ngraos melas mriksani Suryo Lelono lemah lunglai. Banjur Suryo Lelono wangsul marang padepokan malih.

Sesampunipun dumugi padepokan, Bangsa Tirta ngraos kaget amargi mriksani Suryo Lelono tumindak kalian lemah lunglai. Sesampunipun istirahat, Suryo Lelono banjur nyariosakaen kedadosan wau saking awal ngantos akhir marang Bangsa Tirta.

Mboten dangu saking kedadosan wau, kepireng kabar yen Suro Gendeng dipunkroyok tiyang wonten Banjarnegara amargi nyolong sapi. Samparanipun diiket lan dibot-boti sela, lajeng Suro Gendeng dijeburake marang lepen. 

Nanging berkat ilmu Jebug Keli, Suro Geneng saged Lolos. Kepireng ugi menawi Suro Begog dipunkroyok amargi ketangkep saweg nyolong kebo. Suro Merta ugi dipuntangkep ing pesisir laut selatan, amargi nyolong iwak lan urang ing tambak.

Kepireng kabar menika, Bangsa Tirta ngraos susah lan priatin marang kelakuanipun siswa-siswinipun ingkang mentingaken kepentinganipun piyambak. Ilmu ingkang sejatosipun kangge kekebalan lan njagi saking bahaya nyatanipun disalah gunakake. 

Banjur Bangsa Tirta semedi ngginakake ajian Kalamudeng kalih tujuan supados siswanipun ingkang sampun tersesat lan nglanggar ilmu-ilmu kangge kepentingan piyambak supados saged wangsul marang padepokan.

Ajian menika leres ampuh sanget, buktinipun setunggal-setunggal siswanipun ingkang sampun nilaraken padepokan saged wangsul sedoyo. Ketigo sedherekipun Suryo Lelono ugi wangsul padepokan nanging sesampunipun dumugi ketigo sedhrekipun Suryo Lelono kasebut kedah kesah saking padepokan menika.

Lajeng Bangsa Tirta ngendika kaliyan seru “Panjenengan mboten bakal angsal kegesangan ingkang layak utawa sae kejobo dados tiyang (tiyang artinipun tiyang ingkang kelakuanipun sae). 

Ing mengko mule dinten niki Kalimeong kula gantos naminipun dados “Kejobong”. Nami Kejobong menika saking tembung Kejobo lan Wong. Kejobong nggadahi suraos utawa arti “Kejobo lan Wong” ingkang artinipun Kejobo tiyang ingkang sae.

Hanya Manusia Biasa yang ingin berbagi ilmu. Semoga Bermanfaat dan Terima Kasih

1 comment

  1. ayo segera bergabung dengan saya di D3W4PK
    hanya dengan minimal deposit 10.000 kalian bisa menangkan uang jutaan rupiah
    ditunggu apa lagi ayo segera bergabung, dan di coba keberuntungannya
    untuk info lebih jelas silahkan di add Whatshapp : +8558778142
    terimakasih ya waktunya ^.^