ASAL USUL KARANGKESEM, Purbalingga


sd n 1 karangklesem

Ing jaman biyen saderenge wonten dusun menika sebuah grombolan ingakng sanget lebat kalih pinten-pinten tanduran. Salah satunggalnipun woh duku manung rasanipun asem sanget, wohnipun kathah duri namung masyarakat kathah ingkang remen. Sehinggo tiang-tiang namiaken who puniko who asam-asam utawi who klesem sehinggo dusun puniko dipun namiaken dusun KARANGKLESEM.

Ing dusun niki kathah kejadian-kejadian ingkang misterius. Masyarakat ing dusun meniko ugi agamanipun sanget kuat keranten letak dusunnipun pedek saking dusun karanggambas.

Ing dusun ingkang naminipun dusun karangklesem kepala desa ingkang pertamanipun naminipun Ki Lurah Kethok. Asmanipun Ki Lurah Kethok dipun pendet amargi anggenipun wonten tiyang ingkang gadhah kalepetan mboten segen-segen Ki Lurah Kethok njatuhaken ukuman Kethok. Ki Kethok gadhah jaran lam gamelan jawa ingkang sanget dipun remeni Ki Kethok, Ki Kethok ndamel kandang jaranipun ing ngilen lepen alit, lan gamelan jawa dipun tempataken ing wetan lepen alit. Miturut warga sinten kemawon ingkan ningali gamelan puniko, mesti nakal ngerasakaken kakuwatan aneh saking gamelan jum’at meniko, menawi malem selasa kliwon utawi malem ing satunggal dinten wonten tiyang ingkang mundhut gamelannipun, ananging tiyang meniko kesurupan, akhirnipun tiyang dibekto dening panggenan Ki Kethok lan ditambani, ugi gamelan Ki Kethok dipun wangsulaken datheng Ki Kethok.

Umurnipun Ki Kethok tambah taun tamnbah sepuh, akhir ing satunggalnipun dinten Ki Kethok seda. Sedanipun Ki Kethok ndamel kathah keanehan, salah satunggalipun inggih puniko matine jaran ingkang sanget dipun remeni dening Ki Kethok lan uga icalipun gamelan meniko ing dinten ingkan sami. Ki Kethok disarekaken ing tanahnipun Ki Kethok piyambak. Sak niki gamelannipun saged mungel ing malem selasa kliwon utawi malem jum’at kliwon. Tempatipun kalinipun gamelan dipun asmani DUKUH SIGENDING.

Aneh sanget, keranten icalipun gamelan meniko, ingkang badhe gunakaken gamelan utawi nyilih gamelan meniko tesih dados nanging kudu ngangge cara nyuwun dating Ki Kethok lan mbakar kemenyan. Namung sawisenipun wonten ingkan minjem gamelan lan usah kangge disimpan salah setunggalnipun instrument, dugi seniki sampun mboten saged metu kados jaman biyen.

Hanya Manusia Biasa yang ingin berbagi ilmu. Semoga Bermanfaat dan Terima Kasih

1 comment

  1. nuwun sewu asmanipun Ki Kethok asline sinten nggih?