ASAL USUL DESA BUKATEJA, Bukateja, Purbalingga

pendopo wiro hutomo bukateja

Bukateja adalah sebuah kecamatan di Kabupaten Purbalingga, Provinsi Jawa Tengah, Indonesia. Kecamatan ini berjarak sekitar 12 Km dari ibukota Kabupaten Purbalingga. Pusat pemerintahannya terletak di Desa Bukateja. Daerah ini telah lama menjadi daerah hunian dengan ditemukannya prasasti (dinamakan Prasasti Bukateja) dari masa Wangsa Syailendra.

Batas-batas wilayahnya adalah sebagai berikut:
Utara Kecamatan Kejobong dan Kecamatan Kaligondang
Timur Kabupaten Banjarnegara
Selatan Kabupaten Banjarnegara
Barat Kecamatan Purbalingga dan 
                Kecamatan Kemangkon

ASAL USUL BUKATEJA

Wonten ing abad 15 masehi,tanah jawi dipun wiwiti tiang saking timur tengah, ingkang nggadahi kalih tujuan, kaping pisan inggih punika perdagangan ing kaping kalihipun nyebaraken agami Islam. Wekdal punika tanah jawi nganut agami Hindu lan Budha.

Wekdal punika ing tanah jawi dwipa wontan kerajaan ageng kalian wilayahipun mboten kewanti wanti inggih punika kerajaan Majapahit,ingkang ngadahi kuasa Prabu Brawijaya V.abad 15 wonten kedadean ngrebutaken kekuasaan inkang dados perang saudara ingkang asminipun perang PAREGREG.

Dipun cariosaken menawi Prabu Brawijaya ngadahi selir saking Chempa hadiah saking kaisar cina.Prabu Brawijaya kalih seliripun ngadahi putra kalih ingkang kaping pisan Raden Lembu Kanigara inkang kaping kalih Raden Lembu Kaniragara.

Raden Lembu Kanigara ingkang wiwit alit sampun dipasrahaken dateng ulama nggih punika Syeh Maulana MalikIbrahim,wonten mriko Raden Lembu Kaniraga diwucal katah perkawis ilmu,saking ilmu Agami,kanuragan. kasusastran,ngantos dumugi ilmu tata pemerintahan miturut agami Islam.

Amagi teng Majapahit saweg wonten perang, kagem ngamanaken agami ugi putra raja, Raden Lembu Kanigara dipun bekto teng gurunipun Syeh Maulana Malik Ibrahim, kangge diumpetaken. Tiang kalih punika tindak nyusuri pantai lor, saking Majapahit dumugi tengah tengahing gunung kendeng lan gesang wonten mriko(dusun glagah wangi). Wonten dusun punika, pinanggih kalih para ulama wonten jawi, saking timur tengah ugi saking jawi.Wonten papan punika, makempal ugi musyawarah.

Segunging nayaka sesantin adamel projo lan musyawrah punika dipun pandegani ulama saking timur tengah ingkang asmo Sunan Ampel (salah setunggaling wali songo). Sesampunipun ngawontenaken musyawarah ingkang cekap dangu, dipun angsal kesepakatan menawi pemerintahan Islam dipun syah aken kalian pusat pemerintahan wonten kota Demak, lan rajanipun inggih punika Raden Lembu kanigara ingkana gantos asmi raden pattah.

Wekdal perang PAREGREG, Raden Lembu Peteng, kangmasipun Raden Lembu Kanigara (ingkang dados raja Islam pertama wonten Demak), dipun bekto teng nyai Lanjar utawi pengasuhipun dumugi kahanan majapahit aman.

Wekdal punika agami ingkang dipun anut Raden Lembu Peteng inggih punika Hindu, agami ingkang sami dipun anut nenek moyangipun.Sampun sadoso tahun Raden Lembu Peteng kalian Raden Lembu Kanigara mboten sesarengan.

Nopo malih Raden Lembu Peteng ingkang kedahipun mengayomi ugi paring lelindung kagem raginipun dugi wekdal Raden Lembu Penteng seda, nyi Lanjar ngutarakaken ingkang dados penggalih.Sakterasipun sagunging nayako sepakat kagem mados Raden Lembu Kanigara wonten pundi kemawon. Raden Lembu Peteng lan nyi Lanjar nyusuri pantai lor, tindak dateng suruping suryo.

Dangu Raden Lembu lan nyi Lanjar tindak dugi ahiripun teng satunggaling wono ingkang teng mriku wonten setunggaling sendang.Tiang kalih meniko kendel kangge istirahat lan kangge siram.Sesampunipun siram Raden Lembu Peteng paring tetenger ing sendang kasebat. 

Ingkang tengger meniko inggih punika pangandika ingkang kaserat isinipun “mbenjing mbenjing menawi wonten tiyang ingkang priksa daerah mriki, pramilo damelipun padesaan lan dipun paring asmo pasiraman”

Raden Lembu Peteng lan nyi Lanjar tindak teras,dugi pinanggih kalih pedagang pedagang ,saking pedagang meniko ngertos yen lamona wonten kerajaan enggal ingkang rajanipun tiayang saking Majapahit.

Lajeng tiyang kalih meniko tindak dating kota raja kangge mriksani saking caket kangge mbuktikaken. Dumugi teng kota raja tiang kalihipun lajeng madosi pagertos raja enggal kasebat dating prajurit.

Saking prajurit kasebat angsal katerangan, yen lamona raja demak meniko tiyang Majapahit. Lan asmo gurunipun Raden lembu Kaniraga. Lajengipun tiyang kalih meniko nyuwun dateng prajurit menika supados nganteraken kangge ngadep raja.

Tiyang kalih meniko pepanggih kalih raja lan Raden Lembu Peteng kalian Raden Lembu Kanegara roaos kangenipun. Ing dalunipun tiyang kalih meniko tukar pangertosan kawontenan ing dialaminipun. 

Dumugi ujung pawicaran agami, Raden Lembu Peteng nyuwun supados Raden Lembu kanigara mlebet teng agami Hindu malih.Lan Raden Lembu kanigara nyuwun supados Raden Lembu Peteng mlebet agami Islam.

Raden Lembu Peteng ing kamaripun tepa kangge nyuwun pitunjuk saking dewa. Pitunjuk menika yen lamona Raden Lembu Peteng kedah madosi cahya kabecikan ingkang hakiki inkang bade nuntun teng dalan kabecikan. Lajeng Raden Lembu Peteng pamit kalih Raden Lembu Kanigara kangge madosi cahya kasebat kalian nyi lanjar. 

Raden Lembu Peteng lan nyi Lanjar tindak teng arah kilen dugi dalu. Ing dalu punika, Raden Lembu Peteng mriksani cahya saking arah kidul. Tiyang kalih meniko lajeng tindak mituju arah cahya kasebat. Lan dugi ing satunggaling wana.amargi peteng cahyanipun mboten ketinggal malih. 

Tiyang kalih punika tindak dumugi pegunungan srayu (Dusun Bogem) tiyang kalih punika mandeg kangge istirahat lan kangge dahar. Ing wayah dalu punika Raden Lembu Peteng ningali cahya punika malih ing arah lor. Amargi ngertos cahya kasebat ical lajeng Raden Lembu Peteng lan nyi Lanjar murugi cahya kasebat.

Tiyang kalih punika murugi cahya kasebat dugi satunggaling wana. Ngaengipun nyi Lanjar lajeng gerah. Lajeng ing wana kasebat Raden Lembu Peteng mandeg ing wana kasebat kangge nunggu nyi Lanjar mantun. 

Dumugi satunggaling wekdal nyi lanjar tilar dunya ing wana kasebat lan dikubur ing kulon wana kasebat. Lajeng ditengeri sewijining tongkat inkang kaserat pangandikanipun Raden Lembu Peteng ”CAHYANA” (cahya = cahya,na = abadi).

Raden Lembu Peteng nglajenggaken pelampahipun kiambekan kalih pikiran inggkang mboten nentu, amargi dipun tilar teng nyi lanjar tiyang ingkang sampun setia ngrencangi pelampahanipun. 

Dugi ing satunggaling wana Raden Lembu Petang istirahat lan tepa nyuwun pitunjuk Yang maha Kuasa. Ing mriku pikiranipun lajeng kebuka lan manahipun dados tenang. 

Lan sederenga ninggalake wana kasebat, Raden Lembu Peteng ninggalaken pangandika ingkang kaserat ”BUKATEJA” (buka = awal,teja = cahya) maksudipun awal kabukakipun cahya, amargi ing daerah menika Raden Lembu Peteng pinanggih arah lan tujuanipun.
Hanya Manusia Biasa yang ingin berbagi ilmu. Semoga Bermanfaat dan Terima Kasih

Post a Comment